Rahayu kadang sutrisna basa Jawa....
Ing pepanggihan punika kita sinau sesarengan babagan lelagon dolanan ingkang wonten titiwanci punika sawetawis sampun badhe cures kenging owah gingsiring jaman. Lelagon dolanan yaiku sawenehing lelagon kang ora kalebu ing wewengkon jinising tembang, lumrahe dianggo dening bocah-bocah.
Lelagon dolanan senadyan ora mesthi nglungguhi paugeraning geguritan, lumrahe kagolongake bangsane geguritan.
kang kagolong lelagon dolanan, kaya ta:
1. cublak-cublak suweng
2. kate-kate dipanah
3. jamuran
4. suwe ora jamu
5. menthog-menthog dakkandhani
6. gundhul-gundhul pacul
7. sluku-sluku bathok
8. lan liya-liyane
tuladhane:
KATE-KATE DIPANAH
kate-kate dipanah,
dipanah ngisor gelagah
ana manuk ondhe-ondhe,
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate
Menthok – menthok
Menthok menthok dakkandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu
Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang Sala
oleh-olehe payung motha
makjenthit lolo lobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleka dhuwit
ing sanjerone lelagon dolanan uga mengku pendhidhikan karakter tumrape bocah-bocah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar