Selasa, 20 September 2016

Makna dari "GUNUNGAN" Dalam Cerita Wayang

Gunungan wonten ing salebetipun cariyos reringgitan

Gunungan:
o    Gunungan inggih menika gambar wayang ingkang wujudipun kados gunung. Ing salebetipun gunungan wonten gambar lawang kados dene gerbang, ingkang dipunjagi dening buta cacah kalih cepengan gada lan tebeng.
o    Gunungan ing pawayangan ugi asring sinebat Kayon. Sanesipun gunungan menika nggambaraken kerajaan, gunungan ugi kangge pratandha giyaran wayang badhe dipunwiwiti.
o    Gunungan utawi kayon wiwitanipun dipunripta dening Raden Patah.
o    Winastan gunungan amargi wujudipun memper gunung limrahipun.
o    Gambar wayang menika dipunginakaken saben pagelaran wayang (wayang purwa, wayang krucil, wayang golek, wayang gedhog, wayang suluh, lan sanesipun).
Jinisipun Gunungan:
Mituhu wujudipun, gunungan utawi kayon saged dipunperang dados kalih, inggih menika:
o    Kayon Gapuran, wujudipun radi alit kanthi gambar gapura. Sisih kiwa tengenipun dipunjagi dening buta utawi raseksa. Sisih wingking kayon wonten gambaran utawi wewujudan geni warna abrit.
        

o    Kayon Blumbangan, wujudipun radi ageng lan langkung endhep upami dipunbandhingaken kaliyan kayon gapuran. Sisih ngandhapipun wonten gambar kolam kanthi toya wening, samadyanipun kayon wonten gambar ulam cacahipun kalih ingkang sami adhep-adhepan, lan sisih wingkingipun wonten gambar segara ingkang warninipun sami kaliyan warni langit.
      Hasil gambar untuk kayon blumbangan

Gambar Salebetipun Gunungan
Sedaya gambar ing salebetipun gunungan inggih menika:
o    griya endah kanthi undhag-undhagan ingkang cacahipun tiga lan korinipun dipunrengga gambaripun Bethara Kamajaya ingkang adhep-adhepan kaliyan Dewi Ratih,
o    buta utawi raseksa ingkang sami adhep-adhepan, kanthi mbekta gada utawi pedhang jangkep kaliyan tamengipun,
o    naga ingkang ngghadhahi swiwi kalih,
o    alas ingkang dipunrengga dening para kewan,
o    macan ingkang adhep-adhepan kaliyan bantheng,
o    wit-witan ageng ing tengahipun alas, dipunubeti dening sawer,
o    makara ing tengahipun wit,
o    kethèk cacahipun kalih lan lutung ingkang mapan ing wit,
o    pitik alas cacah kalih ing sanginggilipun wit-witan.
Ginanipun Gunungan
Gunungan ing pagelaran wayang gagrag Yogyakarta:
ü  Gambar-gambar salebetipun gunungan nggambaraken saisining jagad raya jangkep kaliyan isinipun. Gunungan ing pagelaran wayang nggadhahi jejer ingkang wigati.
ü  Minangka tandha pagelaran wayang badhe dipunwiwiti, inggih nalikanipun gunungan dipunbedhol ing tengah-tengahipun kelir, lajeng dipuntancepaken ing sisih tengen.
ü  Minangka tandha gantosipun jejer lan ugi dipunginakaken dhalang kagem nggambaraken owah-owahanipun swasana.
ü  Minangka tandha gantosipun pathet.
ü  Nggambaraken tumuruning wahyu saking dewa, angin, lan sanesipun.
ü  Nggambaraken geni, inggih menika kanthi malik gunungan ingkang sisihipun nggadhahi gambar geni.
ü  Minangka sarana dhalang anggenipun nggambaraken medalipun kekiyataning paraga wayang.
ü  Minangka tandha purnanipun pagelaran wayang, kanthi nancepaken gunungan ing tengah-tengahipun kelir.
Werdinipun Gunungan
Gunungan saged dipunmaknani:
§   Gunungan saged dipunmaknani minangka lambang pancer, inggih menika jiwa utawi sukma. Kajawi menika, wujudipun ingkang arupi wajik (segitiga) nggadhahi teges manungsa menika kagungan unsur cipta, rasa, lan karsa. Lambang gambar pesagi (segiempat) ngemu werdi, manungsa nggadhahi sekawan sadherek. Sadherek kasebat inggih menika siti, geni, toya, lan hawa utawi angin.
§   Gunungan minangka lambang alam ing pawayangan. Mituhu kapitayanipun Hindu, segi makrokosmos gunungan ingkang dipunputer-puteraken kaliyan dhalang, ngetingalaken campuhipun sedaya piranti dados satunggal. Salajengipun, samudayanipun dados wewujudan donya saisinipun.
§   Gunungan ngadhahi werdi, minangka tandha panguripan. Saben gambar ing gunungan, ngetingalaken saisining piranti ing sajroning jagad. Wiwit saking manungsa, kewan, alas, lan samudayanipun.
v  Wujud gunungan arupi limas (segi lima), nggambaraken gangsal wekdal ingkang kedah dipunlampahaken dening manungsa muslim.
v  Wujud lancip menika nggadhahi werdi gandheng ceneng antawisipun manungsa kaliyan gustinipun.
v  Gambar wit minangka pratandha ingkang mbabaraken digdayanipun Gusti Ingkang Maha Wikan, ingkang sampun maringi pangayoman dhumateng sedaya titah ing ngalam donya.
v  Sedaya kewan ingkang karipta ing gunungan nggadhahi 3 (tigang) teges:
(1) sipat,
(2) bebuden, lan
(3) watek, ingkang dipungadhahi saben manungsa.
v  Gambar sirah raseksa utawi buta nggambaraken kahanan manungsa ingkang gesangipun ing ngalam donya nggadhahi sipat rakus lan awon kados setan.
v  Gambar ilu-ilu geni nggambaraken lampahipun gesang manungsa karidhu dening maneka warna godha, coba, bebaya, lan sanes-sanesipun.
v  Gambar segara ngemu pratandha ingkang njlentrehaken pikiranipun manungsa.
v  Gambar buta nyepeng gada nggadhahi werdi panjagining rasa ing ngalam peteng lan padhang.
v  Gambar Joglo mbabaraken kahananipun negari ingkang aman lan tenterem, awit sampun kinayoman dening ngrembakanipun wit-witan lan isen-isen sanesipun.
v  Gambar raseksa minangka lambangipun menungsa ingkang kirang tata.

Crita rakyat

Crita rakyat yaiku saperangan kabudayan arupa crita kang wis sumebar ing masyarakat, cacahe ora bisa kapetung, ora cetha kala mangsane lan ora bisa dilari sapa sejatine sing nganggit.
Crita rakyat bisa kaweruhi nganti seprene amarga kadongengake kanthi cara tradhisional run-tumurun liwat lathi menyang lathi saka mbah buyut tekan anak putune lan ing versi kang beda.
Crita rakyat bisa awujud lisan uga tuladha kang nganggo gerak isyarat utawa pangeling-eling..
Cerita rakyat kaperang dadi 3:
1.        Lisan:
a)  swara rakyat utawa ungkapan tradisional; tuladha paribasan, bebasan, saloka, sanepa
b)  pitakonan tradisional; tuladha cangkriman lan wangsalan
c)  sajak; tuladha guritan, parikan lan syair
d)  gancaran utawa prosa rakyat; tuladha legenda lan mitos
e)  nyanyian rakyat; tuladha suluk, lagu dolanan
2.    Saperangan lisan
a)  ana kapitayan
b)  dolanan rakyat; tuladha jamuran, jalangkung
c)  adat istiadat
d)  upacara
e)  joged rakyat
f)   teater rakyat; tuladha wayang, ketoprak, ludruk
g)  pesta rakyat
3.    Dudu lisan
a)  material; tuladha wewangunan, arsitektur rakyat, sandangan, panganan lan obat-obatan
b)  dudu material; tuladha solah tingkah lan swara, isyarat tradisional kanggo sesambungan sajroning masyarakat
c)  musik rakyat tuladha gamelan
Dene ciri kang bisa dipethil saka crita rakyat, yaiku :
1.      Anonim, ora diweruhi sapa sejatine kang nganggit
2.      Kolektiif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng
3.      Statis, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman biyen tumekan jaman saiki
4.      Imajiner, nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane
5.      Ngemu tuladha, nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha
Tema kang diangkat ana ing crita rakyat kayata :
1.      Legenda ( asal usule papan panggonan )
2.      Fabel ( Crita donyaning  kewan )
3.      Crita dewa-dewi
4.      Crita Bathara    
5.      Crita becik katandhingake tumindak ala/durjana

Tuladha crita rakyat:


Keong Mas 
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan nandang mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, kanggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangkono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kang asat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas?” banjur nyedhaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing sakupenge watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah lan dicemplungake aneng genthong.
Kaya adat sabene, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk apa-apa. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke murih nyang pawon menawi ana krowodan kang bisa ngganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang aneng pawone. Batine kebak pitakon ssapa sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih saka alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesidheman dheweke ndhedhepi sapa sejatine sing mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Ndhuk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilma dadi  Keong Mas ?”
“Adhuh biyung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang karep ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandhangane nudhuhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali menyang Dhadapan nemoni Limaran. Eba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Tuladha sanesipun:


JAKA TARUB
Wonten ing satunggaling dhusun, wonten kulawarga ingkang naminipun mbok randha kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik diwasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipunsade wonten peken ing saklebetipun kitha Kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedhak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten  ing kulawarga menika mboten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedhak. Kados adatipun menawi mbebedhak bidhalipun sakwise subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi mboten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika mboten sambat. Piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing salebetipun wana. Ananging ngantos dalu Jaka Tarub taksih mboten angsal punapa-punapa. Amargi Saking sayahipun Jaka Tarub kepengin sumendhe ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suwanten gumujenging tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suwanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suwanten menika. Piyambakipun menika mboten percaya kalian ingkang Jaka Tarub weruhi ing dalu menika. Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suwanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangen ing sendhang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundhut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipuntilar rencangipun sasamya widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipuncaketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
                Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putri saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun Jaka Tarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal pantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
                Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandhapipun klasa, piyambakipun kaget saknalika piyambakipun duka dhumateng garwanipun amargi sampun dipunapusi.
Nawang Wulan menika lajeng ngagem rasukan mutusaken kangge minggah kayangan malih. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipuntampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.

Crita Pengalaman

Crita yaiku Tuturan kang mratelakake maneka warni kedadosan yaiku arupi kedadosan kang kasunyatan utawi mung rekaan.
PENGALAMAN yaiku sawijining prastawa kang wis dialami.
PENGALAMAN LUCU yaiku kedadeyan kang nyata wis dialami paraga lan saged andadosake wong kang maca utawa ngrungokna dadi ngguyu (gumujeng)
DHAGELAN yaiku crita lucu nanging critane wis dirancang dhisik (nganggo  skenario),   lakone (tokohe) nyinau rancangan crita, terus njarag gawe lucu, kalamangsane nganggo selingan musik / gamelan.
Crita Pengalaman yaiku kedadeyan-kedadeyan apa wae sing wis tau dialami dening sawijining wong tumanem ing ati, dadi pengeling-eling tumrap wong sing ngalami. Pengalaman sing dialami dening saben wong lumrahe beda-beda siji lan sijine,

Miturut jejere crita pengalaman iku kaperang dadi loro:

1.      Ana pengalaman pribadi,

Pengalaman pribadi yaiku pengalaman sing dilakoni/ dirasakake dening manungsa dhewe.

2.      kedadeyan kang dialami dening masyarakat/ bangsa.

Kedadeyan penting kang dialami dening sawenehing bangsa kanthi bukti kang nyata dadi sejarah.

Dene nitik saka isi ceritane, pengalamaan ana kang wujud:
1.      Pengalaman nyenengake
yaiku pengalaman kang gawe bungah atine wong kang ngalami
2.      pengalaman kang lucu,
yaiku pengalaman kang gawe guyu tumrap wong kang ngalami
3.      pengalamaan kang ngayelake,
4.      pengalaman gawe trenyuh
yaiku pengalaman kang gawe susahing ati tumrap wong sing ngalami.
5.      lan sapanunggalane.

Kawruh kang bisa dijupuk saka crita pengalaman:

Pengalaman Pribadi iku guru kang paling apik. Ujar – ujar iku pancen bener , jalaran kanthi anane pengalaman, wong urip kang nduweni akal sehat mesthi bisa njupuk kawruh utawa pelajaran lan wulangan saka pengalaman kang wes kedadean iku. Beda manungsa, beda uga pengalamane, senadyan kedadeane padha papan lan panggonane, nanging saben manungsa beda anggone nanggepi kedadean iku. Ana kang nganggep wis umum, ana uga kang nganggep ora umum.

Ngrungoake cerita pengalaman iku ana mupangate yaiku bisa nambahi sesurupan, ilmu lan pengetahuan senajan awake dhewe durung tau ngalami apa kang diceritakake ing sajroning pengalaman.

 

Tuladha crita pengalaman:

ALAT ANTI MALING DIKIRA PIN

Dina Setu malem Ahad, Romelah tanggaku sing duwe anak cilik ngajak mlaku-mlaku. Tujuwane tumuju mall ing kutha. Ndilalah ing mall ana kedadeyan ngisinake sing ora bisa dilalekake. Putrane Romelah pancen isih kelas papat SD. Dadi ya wajar yen nganti dheweke nggawe masalah. Nalika kuwi bubar blanja-blanja, Romelah lan anake mulih. Lha kok saka lawang alarm muni banter ngagetake. Satpam sing tanggap langsung wae nyekel Romelah lan anake. Merga satpam kuwi weruh Romelah lan putrane pas metu, alarm muni. Romelah mesthi wae protes merga ora rumangsa nyolong. Lha wong barange wis dibayar ing kasir. Nanging satpame tetep njaluk ijin mriksa. Merga ora ngrasa salah, pungkasane , Romelah gelem bae di priksa. Ndilalah ing sake klambi putrane ana alat anti maling. Wujude alat anti maling kuwi pancen kaya dulinan Bentuke kaya pin sing ditempelake ing klambi. “Kok njupuk iki kenapa?” pitakone Romelah marang putrane. “kula kinten niki dolanan, Bu. Kula boten semerep,” jawabane anakke karo keweden. Satpame wusanane maklumi. Nanging Romelah isin tenan merga wis diglandhang kaya maling. Apa tumon alat anti maling dikira dolanan.

( Deny Wibisono - Ambalu – Jember )

RINGTON ANYAR
Kadadeyane wis sesasi kepungkur. Wektu iku kancaku, Eni kang menawa ing kos-kosan kerep ngentut nganti dijuluki ”Ratu Ngentut”. Dheweke lagi mimpin rapat wulanan organisasi kampus. Lagi wae rapat diwiwiti lan anggotane padha konsentrasi ngrungokake, ndelalah keprungu swara preeeet ...epreeet ... preeeet .....
            Spontan Ali nyaut, ”Rington HP ne sapa ya.... kok keren?” sakalan kanca-kanca liyane padha ngguyu.
            Karo ngguya-ngguyu Eni nyaut, ”Aku, sapurane ya, cah! Aku ora tahan maneh.”
Rapat sing maune adem-ayem dadi rame. Kabeh padha ngguyu kemekelen amarga swara mau.
”Mbok download neng endi kok swarane beda karo umume…?” pitakone kanca-kanca. Sakala praupane Eni abang ireng amarga isin.
            Yen kelingan kadadeyan kuwi aku ngguyu dhewe, mosok ana ringtone HP kok swarane .... preeeet .... epreeeet .... preeeeet .....!
Halimatus Sadiyah Jl. Lidah Wetan Gg. 3/8 D Surabaya
Bilu tau pinter durung nglakoni, tegese wong pinter iku isih kalah karo wong pengalaman. Tetembungan iku bener. Jalaran ngelmune wong pinter iku kadhang kala durung diuji ana ing praktik urip ing saben dinane.
Nanging manawa pengalaman iku wis diuji, katindhakake ana ing panguripan. Ngrungokake pengalamane wong liya iku penting. Sebab kanthi cara ngrungokake crita awake dhewe bisa oleh pengalaman kang anyar. Utawa oleh panglipur kang murah. Kadhang kala bisa nukulake empati marang wong kang krungo lan maca. Umpanane rasa welas, trunyuh, lsp. Pengalaman mau bisa saka bener sing dialami dhewe lan uga bisa dialami saka critane wong liya.
Wong sing pinter crita iku antarane nggunakake:
1.   Basa sing digunakake pas utawa prasaja ora nganggo tetembungan kang angel dimangerteni wong sing ngrungokake utawa sing maca.
2.   Kudu paham marang bab urut-urutane crita kang mapan ing kono
3.   Bisa migunakake barang kanggo nggampangake olehe carita.
4.   Nyarira utawa trep marang wewatake para paragane.
5.   Aja grusa-grusu ngrampungake carita, lsp.
Tata cara nyritakake pengalaman :
  1. Nulis pengalaman sing wis dilakoni yaiku diwiwiti kanti prolog/purwaka/pangiring
  2. Diwaca maneh supaya yen owah-owahan bisa ditambah utawa dikurangi
  3. Katulis kanthi runtut lan panulisane sing bener lan trep diksine
Nyritakake  kanthi runtut miturut apa sing tinulis kanti ekspresi kang trep.